Kawruh Sesorah
KAWRUH SESORAH
Sampun kawuningan, bilih nindakaken ayahan minangka
pranatacara tuwin pamedhar sabda utawi sesorah menika dados punjering
kawigatosan. Supados nengsemaken ing samudayanipun, pramila kedah nggatosaken:
1.
Busana (ageman)
Anggenipun ngadi
busana kajumbuhna kaliyan kaperluwanipun, wonten ing adicara menapa ingkang
badhe dipunayahi. Umpaminipun wonten ing pahargyan panganten, langkung prayogi
ngagem busana kejawen jangkep. Ewa semanten ngagem busana sanesipun inggih
boten lepat bokbilih kepanggih “kok Ngijeni”. Nanging inggih tansah kagatosna
bab trapsilaning ngrasuk busana.
2.
Subasita
(trapsila, tatakrami)
Trapsila ingkang
kirang, ugi badhe ngirangi kawibawan, ingkang wasana lajeng dados kirang
nengsemaken. Solah bawa sampun ngantos kadamel-damel, prayogi ingkang prasaja
kemawon, anteng, manteb, nanging boten kaken. Pramila menika saged gladhen
wonten ing sangajengipun pengilon ingka ageng, mangke badhe manggihi patrap
ingkang luwes tuwin pantes. Saha kaudiya babagan ewah-ewahaning pasuryan, sageda
nggambaraken wosing penggalih, ingkang salajengipun jumbuh kaliyan swasana.
3.
Swara (vokal,
basa populer)
Kedaling lesan
kedah kagladhi, supados saged langkung cetha kedaling swanten. Pocapan ingkang
mekaten ugi, kaudia saged mbedak-mbedakaken swantening tembung-tembung ingkang
medal kanthi cetha. Kados pundi rindhik rikatipun, mandhap minggahipun, sampun
ngantos kesesa, nanging ugi sampun ngantos nglentreh sanget. Gladhi swara
menika kedah pikantuk kawigatosan ingkang mirunggan. Pramila menika kaaturi gladhi
sarana ngendika sakathah-kathahipun, kados saweg dados pranatacara utawi
pamedhar sabda ing sawenehing acara. Sokur menawi saged dipunrekam, lajeng
dipunpirengaken saha dipungatosaken pundi ingkang taksih kirang. Bab menika
kaambali ngantos kapireng sekeca.
4.
Basa tuwin
Sastra
Ngudia tambahing
seserepan ing babagan basa tuwin sastra, jalaran menika mujudaken kabetahan
baku tumraping pranatacara saha pamedhar sabda. Basa ingkang kaginakaken kedah
miturut tuntunaning sastra ingkang leres. Pamilihing tembung ingkang
salajengipun dipunronce ukara ingkang trep, luwes, sae, wasana sekeca
kapirengaken. Manggihi jaman menika, prayogi ngagem tembung-tembung ingkang
prasaja kemawon. Dados langkung gampil katampi saha dipunmangertosi tegesipun
dening ingkang mirengaken utawi miturut ngendikanipun para wasis “Nut Jaman
Kelakone”. Saged kemawon mbok bilih langkung marem ngginakaken basa ingkang
langkung rinengga, kanthi tembung-tembung ingkang endah, ananging ugi kedah
ngengeti saha njumbuhaken kaliyan kawontenanipun. Umpaminipun wonten ing
pawiwahan-pawiwahan ingkang mapanipun ing gedhong-gedhong pepanggihan saha
sanesipun, ingkang adicaranipun kasipat mirunggan. Ing pahargyan-pahargyan
prasaja, prayoginipun ngagem basa ingkang prasaja kemawon. Dene basa ingkang
trep ugi ngengeti tuntunaning parama-sastra ingkang leres. Pamilihing tembung,
pangrakiting ukara, laguning ukara (intonasi) ingkang cetha, kendho-kenceng,
inggil-andhap, rikat-rindhik isp. Ringkesipun basa ingkang komunikatif inggih
menika basa ingkang kedah angengeti :
1.
Sinten ingkang
gineman;
2.
Sinten ingkang
dipunajak gineman;
3.
Sinten ingkang
dipun ginem;
4.
Swasana
nalikanipun gineman;
5.
Sami angertosi
ingkang dipunginem.
Kanthi mekaten juru paniti laksita ugi kedah
mangertos, kejawi trep pamilihing tembung ugi boten kesupen dhateng
paramasastra Jawa mliginipun prekawis unggah-ungguh saha swasana nalika ngayahi
jejibahan. Kedah saged mbedakaken basa lan swasana. Upaminipun ing parepatan
rapat anggota koperasi, rapat RT isp. Kedahipun boten kanthi basa mekaten :
“Sanggyaning pinisepuh sesepuh ingkang anggung pinundhi-pundhi, para pangemban
pangembating negari ingkang ugi sinebat satriyaning negari ingkang dados
pangayomaning para kawula dasih” lsp.
Pramila boten leres, menawi dados juru sesorah saha
panitilaksana ngginakaken basa apalan, nanging kedah mangertosi kabetahan saha
swasana nalikanipun saweg pangandikan, satemah saged mulur mungkret ngengeti
swasana, wekdal saha kabetahanipun.
Kejawi menika nalika hangaturaken sesorah sadaya
patrap, solah bawa, kedah trapsila, sarta kanthi basa ingkang leres, saha
gampil dipun suraos dening ingkang midangetaken kanthi gamblang.
Sasaged-sagedipun ngemot sadaya ingkang dipun pikajengaken, pramila boten
ndamel jeleh dhumateng ingkang sami midangetaken. Ing salebeting tanggap wacana
satunggaling tanggap wacana badhe pikantuk sambetan ingkang sae, bilih ingkang
nglumantaraken tanggap wacana kasebat kanthi wacana ingkang ugi sae wontenipun.
Awit saking punika, pranatacara utawi pamedhar sabda
kedah nggatosaken perkawis-perkawis ingkang kedah dipun gatosaken tuwin
perkawis-perkawis ingkang kirang mranani ingkang midhanget.
Perkawis-perkawis
ingkang kedah dipun gatosaken, inggih punika :
Patrap sarira tuwin pasuryan ingkang kedah
katindakaken :
1.
Jumeneng kanthi
sigrak tuwin jejeg, sikaping suku megar metawis kalih jobin, Percaya diri
2.
Asta
ngapurancang, sarira radi ndegeg, janggut katarik, namung sampun katingal kaku,
3.
Polatan katingal
sumeh, namung mboten katingal kadamel-damel,
4.
Mriksani
dhumateng para pamirsa kanthi trapsila.
5.
Penggalih
dipunsarehaken, supados suwanten mboten kapireng ndredheg,
6.
Wiramaning
wicara ingkang cetha sarta kajumbuhaken kaliyan kawontenan
7.
Suwanten mboten
perlu sora, ingkang cekapan ananging wijang.
8.
Ngagem basa
ingkang alus, ananging mboten perlu basa ingkang muluk-muluk, supados gampil
dipunsuraos dening ingkang midhangetaken.
9.
Pangandikan
mboten perlu muter-muter, ingkang cekak, ananging saged nyakup punapa-punapa
ingkang badhe dipunkajengaken.
Wonten babagan
ingkang kedah dipungatosaken ngengingi bab rantamaning sesorah, antawisipun:
1.
Salam pambuka
(manut kapitadosan saha swasananipun).
2.
Purwaka inggih
menika ngunjukaken puja-puji ngarsanipun Gusti saha atur panuwun marang para
rawuh sarta ingkang mbiyantu lampahing adicara.
3.
Surasaning
basa/isi/wos sesorah, inggih menika uderaning bab ingkang dipunwedharaken.
4.
Dudutan
(simpulan) inggih menika inti sarining wedharan pangajeng-ajeng inggih menika
bab-bab kang dipunkajengaken dening ingkang nindakaken sesorah dhumateng
ingkang mireng.
5.
Wasana inggih
menika atur panuwun saha atur nyuwun pangaksami anggenipun nindakaken
jejibahan.
JINISING SESORAH
Sesorah utawi
pidhato, ugi sinebat medhar sabda inggih menika nglairaken gagasan, pemanggih,
utawi osiking manah sarana lesan ing sangajenging tiyang kathah.menawi mekaten
sawenehing tiyang ingkang kapatah dados panata titi laksana menika ugi kalebet
ewoning tiyang sesorah utawi pidhato, anamung beda jejibahan. Pidhato utawi
wicanten ing sangajenging tiyang kathah menika boten gampil, pramila kedah
nggadhahi sangu saha remen gladhen utawi latihan. Kanthi mekaten jinisipun
pidhato utawi sesorah saged kabentenaken dados warni sekawan.
a.
Sesorah kanthi Cara (Model) Apalan
Sesorah cara
menika saderengipun sampun damel seratan sesorah lajeng dipunapalaken tembung
ngantos ukaranipun presis kaliyan cathethan. Dados boten mawi utawi wonten
pemanggih-pemanggih enggal, amargi sampun kapurba dening cathetan. Ing mriki
adhakanipun menawi apalanipun wonten ingkang kesupen, lajeng saged kesupen
sedayanipun. Pramila cara menika asring dipunginakaken dening lare-lare ingkang
nembe gladhen utawi ajar.
b.
Sesorah kanthi Cara (Model) Naskah utawi Teks
Sesorah cara
naskah utawi teks, menika juru pamedhar sabda saestu bekta naskah, teks utawi
cathetan pidhato lajeng dipun waos sawetahipun, boten dipunapalaken. Cara
menika asring dipunginakaken dening para pejabat utawi punggawaning negari,
mliginipun ing upacara-upacara resmi. Upami ngresmekaken rapat akbar sawenehing
parte politik, ngresmekaken satunggaling papan upami wadhuk enggal, pengetan
dinten nasional, mengeti pahlawan kusumaning bangsa lsp. Kanthi ancas supados
boten mlenceng kaliyan tujuan sakawit, boten klenthu saha wekdalipun winates. Dene
menawi wonten rembag-rembag sanes antawisipun pejabat kaliyan masyarakat dipun
lajengaken ing acara sarasehan utawi temu wicara.
c.
Sesorah kanthi Cara (Model) Dadakan utawi Impromtu
Sesorah cara
dadakan, menika cara pidhato boten kanyana-nyana saderengipun menawi badhe
dipunaturi sesorah utawi ndadak ing adicara menika lajeng dipunaturi sesorah.
Kanthi menika piyantunipun kedah ingkang sampun beken lan padatan kersa medhar
sabda. Sangunipun, cara sesorah menika kedah trampil ing pamicara saha kathah
pengalaman saha seserepanipun. Kepara priyayi kala wau pancen sampun kalebet
ahli sesorah utawi pidhato ingkang bedhahanipun utawi istilahipun ‘orator’,
kadosta presiden kapisan RI Bung Karno kalebet orator ulung kanthi
mawarni-warni basa.
d.
Sesorah kanthi Cara (Model) Eksemporan
Sesorah cara
menika kanthi cara juru pamedhar sabda ngasta utawi damel cathetan alit
minangka gaman utawi pangemut-emut urutaning ingkang badhe dipun ngendikakaken.
Cathetan wau namung wos-wos utawi garis ageng ingkang badhe dipun aturaken
kemawon, ing salajengipun samangke badhe dipun ngrembakaken kanthi
pemanggih-pemanggih enggal inkang salaras kaliyan swasana naliaknipun saweg
pidhato. Cara menika, menawi dwija utawi guru saderengipun mucal dhateng para
siswanipun sampun cecawis pokok bahasan ingkang badhe dipunrembag utawi dipun
wucalaken. Kanthi setunggal utawi kalih pokok bahasan wau saged dipun rembag
dangunipun setunggal ngantos kalih jam wucalan utawi 90 menit.
Contoh
teks sesorah
Assalamualaikum Wr.wb
Bapak Kepala Sekolah Ingkang Kinurmatan
Bapak Ibu guru ingkang kawula bekteni
Para Karyawan Karyawati ingkang kinurmatan lan
Para rencang ingkang kula tresnani
Sumangga kita sareng ngaturaken syukur dhumateng gusti ingkang Maha kuwaos ingkang sampun paring rahmat,taufik sarta hidayah saengga kita saged pinanggihan wonten panggenan ingkang sae pubika.
Para rawuh ingkang kinurmatan,
Ing wekdal punika kula badhe medharaken bab pengetan Hardiknas lan dinten kebangkitan Nasional. Wonten ing pengetan dinten ageng punika kita sedaya saged mirsani bilih bangsa kita inggih bangsa indonesia taksih ketinggalan menewi dipunbandingaken laiyan bangsa sanes. Kitam minangka warga Indonesia ingkang "terpelajar" kedah saged ngrekadaya kangge mejangaken bangsa indonesia.
Para rawuh ingkang mangayu bagya,
Kita sedaya tamtu taksih emut kaliyan Bapak pendidikan nasional inggih punika Bapak Ki Hajar Dewantara, ingkang ageng sanged jasanipun tumrap pendidikan. Salah satunggalipun inggih punika ngedegaken sekolah Taman siswa ingkang nggadhah prinsip ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, Tut wuri handayani. Prinsip punika taksih dipunagem ing donya pendidikan ngantos sapunika.
Para rawuh ingkang dahat kinurmatan,
Nalika jaman penjajahan mengsahipun bangsa kita inggih punika para penjajah. Para pahlawan berjuang nglawan penjajah kangge kamardikan bangsa nanging sapunika kita kedah nglawan "kebodohan", narkoba, pornografi lan sapanunggalipun, ingkang saged ngrusak moral generasi mudha lan saged mbebayan tumrap kamajengan pendidikan.
Kados pundi caranipun supados kebodohan saget ical saking bangsa indonesia punika ? Tamtu kemawon mboten namung kita nanging pamarentah ugi kedah cawe cawe supados aslinipun langkung sae. Kanthi cara punapa ?
Bapak Kepala Sekolah Ingkang Kinurmatan
Bapak Ibu guru ingkang kawula bekteni
Para Karyawan Karyawati ingkang kinurmatan lan
Para rencang ingkang kula tresnani
Sumangga kita sareng ngaturaken syukur dhumateng gusti ingkang Maha kuwaos ingkang sampun paring rahmat,taufik sarta hidayah saengga kita saged pinanggihan wonten panggenan ingkang sae pubika.
Para rawuh ingkang kinurmatan,
Ing wekdal punika kula badhe medharaken bab pengetan Hardiknas lan dinten kebangkitan Nasional. Wonten ing pengetan dinten ageng punika kita sedaya saged mirsani bilih bangsa kita inggih bangsa indonesia taksih ketinggalan menewi dipunbandingaken laiyan bangsa sanes. Kitam minangka warga Indonesia ingkang "terpelajar" kedah saged ngrekadaya kangge mejangaken bangsa indonesia.
Para rawuh ingkang mangayu bagya,
Kita sedaya tamtu taksih emut kaliyan Bapak pendidikan nasional inggih punika Bapak Ki Hajar Dewantara, ingkang ageng sanged jasanipun tumrap pendidikan. Salah satunggalipun inggih punika ngedegaken sekolah Taman siswa ingkang nggadhah prinsip ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, Tut wuri handayani. Prinsip punika taksih dipunagem ing donya pendidikan ngantos sapunika.
Para rawuh ingkang dahat kinurmatan,
Nalika jaman penjajahan mengsahipun bangsa kita inggih punika para penjajah. Para pahlawan berjuang nglawan penjajah kangge kamardikan bangsa nanging sapunika kita kedah nglawan "kebodohan", narkoba, pornografi lan sapanunggalipun, ingkang saged ngrusak moral generasi mudha lan saged mbebayan tumrap kamajengan pendidikan.
Kados pundi caranipun supados kebodohan saget ical saking bangsa indonesia punika ? Tamtu kemawon mboten namung kita nanging pamarentah ugi kedah cawe cawe supados aslinipun langkung sae. Kanthi cara punapa ?
1. Pamarentah sampun
nyanangaken wajib belajar 12 tahun
2. Pamarentah ngedegaken
sekolah sekolah wiwit TK ngantos Perguruan tinggi
3. Pamarentah maringi
bantuan sekolah ugi beasiswa dhumateng para siswa ingkang kacingkrangan nanging
nggadhadi prestasi.
Sedherek shedherek ingkang knurmatan,
Kita sedaya kedah ngregani jasa jasanipun para pahlawan. Ananging boten namung ziarah wonten pasaraenipun utawi upacara mangeti dintin ageng nasional kemawon, nanging saged kanthi cara :
1. Kita minangka pelajar
kedah sinau ingkang sregep
2. Saget ngginakake wekdal
kanthi sae kangge nambah kawruh
3. Ningkataken iman lan
taqwa
4. Merangi narkoba,
pornografi lan sapanunglipun ingkang saged ngrisak moral kita.
Menawi kita sareng sareng merangi kebodohan mugi mugi para generasi mudha saget nglajengakan perjuanganipun para pahlawan lumantar ilmu ingkang migunani kangge bangsa lan Negara. Sumangga kita buktenaen menawi generasi mudha negara indonesia punika generasi mudha indkang cerdas, tangkas, saha nggadhadi budi pekerti luhur.
Para rawuh ingkang kanurmatan,
Cekap semanten atur kawula. Menawi wonten atur kawula ingkang kirang nuju prana ugi tindak tanduk ingkan kirang suba kula nyuwun gunging pangaksami. Matur suwun.
Wassalamualaikum Wr.Wb
Komentar
Posting Komentar